8/15/2013

Pranatacara Syawalan di Masjid

Mc Syawalan
MC- Syawalan

Assalamu’alaikum wr wb

Alhamdulillahirobbilalamin.
assolatu wassalamu’ala asrofil ambiya’i wal mursalin, wa’alaihi wasobihi, aja’ ma ngin ama ba’ddhu.



Dumeteng Para pini sepuh ingkang tansah kinabekten.

Dumeteng penjenanganipun bapak dukuh ingkang tansah kinurmatan,

Dumeteng bapak- bapak, Ibu- ibu, saha jamaah masjid ……. ingkang tansah kula hormati.



Langkung rumiyen kapereng kula ing mriki nyuwun panganpunten, awit wonten wekdal punika kulo piniji pinangko pambiworo syawalan wonten ing titiwanci puniko. Namung sakderingipun kula maosaken menggah urut-urutaning adicara wonten wekdal puniko.

Langkung rumiyin sumonggo kita tansah ngatureken puji saha syukur wonten ngrasanipuin Allah SWT, awit kanthi  rahmat saha hidayahipun kita saget kempal manunggal ing papan menika, kanthi manggih  kawidadan, kawilujengan, sedayanipun.
Sholawat saha salam katatepno dumateng Junjungan Kita Nabi Agung, Nabi Muhammad SAW, Dumateng garwa putra, para sahabatipun, para penderekipun, Mugi kalebetno kula saha panjenengan sedoyo ingkang tansah mawantu- wantu safa’attipun binjeng wonten dinten yaimul khiamah. Allahumma Aminnn...

Ing salajengipun kepareng kula ing  mriki badhe ngaturaken urut- urutaning adicara syawalan ing wekdal punika:
1.      Adicara ingkang setunggal Pambuka
2.      Ingkang nomer kaleh Waosan Ayat- ayat Suci Al-Qur’an
3.      Salajengipun nomer tiga “Atur Pambagyoharjo” saking Panitia Swayalan.
4.      Ingkang nomer sekawan Ikrar Syawalan saking jamaah Masjid …..
5.      Salajengipun angka gangsal “Atur panampi” saking para pinisepuh.
6.      Selenjengipun inggih puniko Doa.
7.      Ingkang Pungkasan Panutup.
Mekaten wau menggah urut-urutaning adicara ingkang samengkeh badhe lumampah.
           





==========================PEMBUKA=============================
            Lumebet adicara ingkang sepisan Pambuka, sumangga kita purwakani kanthi maos basmallah
---------------------------------------Bismillahirohmanirohim-------------------------------------------------------
Mugi-mugi kanthi waosan Basmalah punika, Gusti Allah paring rohmat, saha adicara punika saged lumampah kanthi wilujeng sedayanipun. Amiin

=======================QALAM ILAHI=============================

            Salajengipun, waosan ayat- ayat  suci AL-Qur’an, ingkang samengkeh dipun waosaken sedherek …….. Wekadal kula sumanggakaken.

---------------------------------------Bismillahirohmanirohim--------------------------------------------
Kula aturaken panuwun dhumateng sedherek Arum saha sedherek Rika ingkang sampun waosaken ayat-ayat suci Al Quran. Mugi mahanani dhumateng katentreman kito sedoyo . Amiin

=======================ATUR PEMBAGYA HARJO====================
  
Ngancek Acara salajengipun, inggih puniko atur pembagya harjo saking panitia penyelenggara, ingkang samangkeh badhe dipun wakili panjenengannipun Bpk … . Wekadal kula sumanggakaken.
--------------------------------------------------ngendika---------------------------------------------------
Maketen wau menggah atur pambagya harjo saking panitia swayalan

========================== Ikrar Syawalan============================
Dumeteng Jamaah Al- muhtadin ingkang tansah kinurmatan,
Semongga adicara kita lanjengaken. Ngancik acara ingkang salejengipun inggih puniko ikrar swayalan (mandek) : Wakil atur ikrar sawalan ingkang dawah nem saha jamaah masjid Almuhtadin ingkang mangkeh dipun slirani panjengannipun  Bpk ….. Wekadal kula sumanggakaken.
--------------------------------------------------ngendika---------------------------------------------------
Kula aturanken agunging panuwun dumateng Bpk Wardani ingkang kersa amakili atur saking jamaah masjid Al- Muhtadin.

============================ATUR PANAMPI========================
            Lumebet adicara ingkang salejingipun atur Panampi para pinisepuh ingkang samangke badhe dipun slirani panjenganipun Bpk ……. Dhumateng Bpk ……. wekdal kul sumanggakaken.
--------------------------------------------------ngendika---------------------------------------------------
Matur nuwun dhumateng Bpk …. ingkang sampun kersa amakili atur saking sedoyo para pinisepuh.

=============================DOA=================================
Ngancik acara ingkang salajengipun inggih peniko doa,
Pramilo dhumateng  bpk Kaum__________ wekdalkula sumanggakaken.
            Matur nuwun dhumateng ............. Sampun kersa mimpin doa kagem Halalipun agen kitho ngawontenaken syawalan wonten wekdal puniko.


Dumeteng Jamaah Al- muhtadin ingkang tansah kinurmatan,
Kagem syahipun agen kito ngawontenaken syawalan wonten ing wekdal punika . ing mangkeh badhe dipun wonteni adicara jabat asto / salam-salaman. Ing mangkeh kasuwun penjenganipun Bpk … sepados  angrampetaken adicara jabat asta / salam-salaman wonten wekdal puniko.  
==========================PANUTUP================================
                Namung sakderengipun wekdal kulo aturaken, kula minangka pranata adicara, mbok bilih salebetipun kula dherekaken adicara kirang trapsilo saha tumpangsung anggen kula matur.kula nyuwun agunging pangapunten.Sumangga adicara puniko kita pukasi kanthi atur Hamdallah sesarengan.

                Wassalamualaikum Wr. Wb.





0 komentar:

Posting Komentar